Rabu, 11 Februari 2015

MATERI 1 : PACELATHON LAN GAWE CERITA


Peremuan 1dan 2                                                                                                         MASTER/KLS VII/GENAP/2015
Nyasar Rumah Sakit amarga Facebook
Oleh: Aushaf Fahri Abdrasyad

Ing salah sawijining dina. Sak rampunge pelajaran Basa, Jawa wektu istirahat Adel Angganie, Fahri, lan Adin mlaku menyang kantin sekolah. Wektu iku lagi udan deres lan juben sekolah rada lunyu. Bocah papat mau mlaku cepet-cepet amarga bel wes arep muni.
Adin                    : “ayo !!!! Cepet wis arep bel..”
Fahri                   : “Alon-Alon wae lunyu ki… ndak kepleset
Angganie             : “Ho’a, santé wae lho….. santé wae lho wong bar iki pelajarane Pak Sugeng                                                                 Kok. Ho’o ora Del …?        
            Fahri                   : “ E mlaku ndeloke dalan Del ora sinabi Facebookan, mengko kepleset                                                                          nangis, Hahaha… “
                Adel tetep ora nanggapi omongan bocah 3 mau, Adel tetep mlaku sinambi facebookan sak tekane kantin sekolah, bocah telu mau cepet-cepet tuku panganan nanging adel isih sibuk facebookan…..

                Fahri                      : “Wah… Adel ki nek wes Facebookan rak raiso diganggu…!”
                Angganie                : “Haiyo..”
                Adin                       : “ Tinggal Wae yo..”
                Adel                       : “ Hayo do ngomongke opo ?? Ngomongke Aku to ??”
                Fahri                      : “ Ealah gi nyadar to ? kowe ki napa we e ?”
                Adel                       : “Facebokan, Update status cahating karo irvan, lan sak liane..”
                Adin                       : “ckckckck.. bocah jaman sak iki.. yo lek bali neng kelas”
                Adel                       : “Wellllah aku rong jajajn …..”
                Bocah Telu             : “Sapa akon !!... Nangis….??”

TRINGGGKKK ….!!   TRINGGGKKK ….!! TRINGGGKKK ….!!

Adin                       : “Akh, Wiss bell .. , yo tinggal wae adel….”
Fahri                      : “Ho’o ndak pak sugeng selak mlebu kelas…”
Angganie, Adin       : “Yoo…”


                Angganie, Adin lan fahri mlaku menyang kelas ninggal adel sik isih sempet jajan. Sakwise bocah telu kuwi mau melaku saktekane ngarep TU Adel mlayu-mlayu ning mburine sinambi mangan lan facebookan. Wektu kuwi adel wis di ilingake menawi aja mangan kalian facebookan, nanging adael tetep mangan, facebookan sinambi mlaku. sakwise bocah 3 kuwi mau ninggal adel. Tekan tangga ana suara “Grubyakkkkkk”
            Angganie                 :Apa kuwi mau sing muni ?
Adin                        :Yo paling tibo
Fahri                       : Hust ra ngono, nek tenan yo mesake to!!
Angganie                : Coba di tiliki
Banjur bocah telu kuwi mau niliki…
Adin                       : “wooooo lhaaa rakk tenan to adel tibo…!! Makane nek dikandhani manut…
Angganie                : “wealah, kowe ki din kancane tibo malah di senen seneni tulungi pow piye!!”
Fahri                      : “palah eyel-eyelan, ayo !”
Adin & Angganie   : “napa ???”
Fahri                      : “tulungi lah”
            Adel                      : aduhhh, lara banget e…
            Adin                      : makane nek di kandhani yo manut, saiki keno akibate dewe to…?
            Adel                      : “iyo-iyo aku insyaf, eh hp ku nengdi e aku mau apep upload foto je !!”
            Fahri                     : haduhhh… wis tiba mikirke hape, facebookan, ckckck
           Angganie                : weslah tanganmu metu getihe, gawa neng rumah sakit, hpmu ikhlas ke wae…
           Fahri                       : isih wae guyu, makane nek mangan karo facebookan aja sinambi mlaku, akibate laran
                                            nyasar rumah sakit to..hpmu yo dadi korban melu tiba…
Adel                       : “Yo owes aku ngaku salah”
Angganie               :   “wis ndang di gawa neng rumah sakit wae..”

Sakwise kuwi bocah papat kuwi mau njikuk hikmahe, tata cara wong mlaku kuwi menawi ditindakake kanti bener saget nguntungaken diri kita piyambak lan sing paling penting aja mlaku karo disambi kalo liyane, misale mangan lan facebookan amarga bias nglarakake awak lan hp bisa katut dadi korbane…



  • JAWABEN PITAKON ING NGISOR IKI NGANGGO JAWABAN SING TREP! 
    • Apa judul pacelathon ing dhuwur?
    • Sapa wae peraga ing sanjeroning pacelathon kuwi?
    • Ana ngendi wae panggonan  anane pacelathon kuwi?
    • Adel lan Angganie kuwi seje perangane. Apa wae sing nyejekake?
    • Miturutmu, hikma apa wae sing bisa kita jikuk saka pacelathon kuwi?
    •  
  • TUGAS KELOMPOK
    1. Wacanen pacelathon ing dhuwur!
    2. peragakkake paclathon kuwi karo kanca kelompokmu!
    3. Cerikake pacelaton kuwi nganggo ukara sing trep!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar