Senin, 16 Februari 2015

MATERI 5 : PAWARTA/BERITA BAHASA JAWA



PAWARTA (BERITA DALAM BAHASA JAWA)
Yaiku, maringi kaweruhan marang wong liya anane kedadean/peristiwa
Cara gawe pawarta:
1.  Ana kedadean
2.  Nentokake 5 W+1H
Conto pawarta:
Gaman lan Ganja Dipuntemoaken Wonten Kampus UNM(Universitas Negeri Makassar)

            Puluhan petugas gabungan nemoaken gaman 5 kilogram ganja garing, ugi omben-omben ingkang ngandhet alkohol. Nalika dinten Jum’at, 12 Oktober 2012 Kampus UNM ingkang wonten dalan Parang Tambung, Sulawesi Selatan dipun periksa. Polisi kagungan pemanggih bilih mahasiswa ingkang sami tawuran punika amargi pengaruh narkotika ugi alkohol.
            “Kedadosan-kedadosan ingkang sampun kalampahan kados kados mboten wonten tuntasipun. Amarga wonten pemanggih gaman punika wonten ing kampus  UNM kemawon.” Ngendikanipun Kepala Kepolisian Resor Kota Besar Makassar Komisaris Besar Polisi Erwin Triwantoro. Ganja ugi timbangan ditemoaken wonten lantai kalih Fakultas Seni. Polisi ingkang nitipriksa dumugi kos-kosan mahasiswa caket kampus ugi nemoaken gaman ingkang dipun simpen wonten kamar.
            Pengelola kampus nyumeneaken sedaya mahasiswa laminipun tigang dinten amargi kwatos wonten bentrok susulan. Pembantu Rektor III UNM Sofyan Jalal ngendika badhe nindhak tegas.”Sedaya kriminalitas ingkang wonten nglebet kampus punika kedah dipun tangani kepolisian, ugi pikantuk sanksi akademik ingkang badhe nyusul menawi sampun wonten tersangka,”ngendikanipun Sofyan.

·         Media             :           Televisi
·         Sumbere        :           Liputan 6 Terkini (SCTV)
·         Dinten                        :           Jum’at
·         Tanggal          :           12 Oktober 2012
·         Wekdal           :           22.30 WIB
·         Pranata Cara  :          Jeremy Teti

5W + 1H

*   What   :           Gaman lan Ganja Dipuntemoaken Wonten Kampus UNM
*   Who    :           Petugas Gabungan, Pihak Polisi, Pihak Kampus,Mahasiswa UNM
*   When  :           Jum’at, 12 Oktober 2012
*   Where            :           Kampus UNM, dan Parang Tambung, Sulawesi Selatan
*   Why    :           Wontenipun tawuran mahasiswa dipun sebabake pengaruh alkohol lan
                                    narkotika
*   How    :           Badhe dipuntindak tegas ugi diparingi sanksi akademik menawi sampun             
                               wonten tersangka

CONTO LIYANE

TUGAS KELOMPOK
1. GAWEA PAWARTA NGANGGO UKARA SING TREP!
2.  WACANEN PAWARTA SING WUS DISUSUN LAN DI REKAM NGANGGO KAMERA UTAWA TABLET!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar